Sabtu, 24 Desember 2011

PANDUAN MC BAHASA JAWA

HAMDALAH SHALAWAT ARAB
Engkang kito hormati panjenenganipun
Romo KH Abdurrahman Yahya, Romo KH ahmad Arif Yahya, Romo KH shohibul kahfi , Romo KH Baidhowi Muslih Romo KH Marzuki M . Romo KH Ahmad Mutadho Amin, Kyai Abdul Aziz husein. Ugi sedayanipun dewan masayikh lan asatidz ponpes sabilurrosyad
Hadhirin Rokhimakumulloh.

Sepindah monggo kito aturken raos puji syukur kito dumateng Alloh SWT, engkang sampun pareng Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged kempal ing ndalemipun Ust. H. Ahmad Warsito, MT. Ing ndalem majlis tasyakuran walimatul khitan ananda AHMAD LUTHFI ALHAKIM dan NUR AHMAD ZAINUL HAQ

Sholawat soho salam monggo sami kito aturaken dUmateng Rosululloh SAW engkang kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah ugi ing ngatase sedayanipun poro shabat, kluarga lan umatipun kanjeng nabi.

PEMBACAAN AGENDA
Sakderengipun acoro dipun milahi, Kulo bade maosakaen runtutaning acoro ing majlis puniko
•    Sepindah PAMBUKO
•    Kapeng kalihipun Waosan Kalam Ilahi
•    Kapeng Tigo sambutan Shohibul Bait
•    Kapeng sekawan Mauidhotul hasanah
•    Kapeng akhir doa
Bapak Ibu Hadhirin engkang minulyo, monggo acoro ing sonten puniko kito BIKAK sesarengan kanti waosan UMMUL KITAB, AL- FATIKHAH ….
Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, acoro sak lajengipun inggih puniko WAOSAN KALAM ILAHI.
Kepada saudara EKA CANDRA kami persilahkan.
Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, acoro sak lajengipun inggih puniko SAMBUTAN SHOHIBUL BAIT.
Dumateng Panjenenganipun Romo KH Ahmad Mutadho Amin kawulo sumanggaken …

Kito aturaken angungeng panuwun dumateng panjenenganipun Romo KH Ahmad Mutadho Amin

Bapak Ibu Hadirin Rokhimakumulloh, mekaten wau pengaosan ing sonten  puniko. Mugi-mugi kito saged mendet hikmah lan nglaksanaaken punopo engkang sampun dados aturipun romo Kyai.

Sak derengipun acoro ing soten puniko kito tutup, monggo sami-sami DUNGO marang gusti Allah ingkang dipun pimpin pajenenganipun Romo KH Abdurrahman Yahya . Dumateng Romo KH Abdurrahman Yahya kawulo sumanggaken
kulo selaku pembawa acara menawi sak dangunipun ndereaken acoro ing sonten puniko kathah keklintuanipun kulo nyuwun agungeng samudro pangarsami.
Monggo acoro ing sonten puniko kito tutup kanthi sareng-sareng maos HAMDALAH


Tidak ada komentar:

Posting Komentar